ria-blog
Senin, 11 Oktober 2010
dongeng bocah
Déning Riana Darsih
Ing têngah alas kèwan-kèwan padha nggrombol, ana kêlinci, kidang, macan, kêthèk, jêrapah, liman, manuk bèo, lan liya-liyané. Kèwan-kèwan kuwi ngadani rapat kanggo ngomongké babagan kahanan alas sing wis rusak mêrga ulahé manungsa.
Manungsa padha nêgori wit-witan sing ana ing alas. Kahanan alas kuwi katon gundhul. Manuk-manuk wis ora isa gawé sarang manèh mêrga godhong-godhong ing wit-witan wis ora ana. Kayu-kayu sing garing pating klarah, dadi gawè alas rêgêd lan isa gawé mêmala ana ing alas kuwi, kaya ta godhong garing isa kobong saka ulah manungsa sing sok mbuwang rêgêdan bêkasé rokok.
“Piyé kanca-kanca, kudu dikandhani manungsa kuwi bèn ora sakarêpé dhéwé,” si Prênjak muni-muni
“Ya..bênêr..bênêr..ning carané???”
“Kowé kuwi mêsthi ngono ta macan…macan…..isa né mung muni bênêr..bênêr…ning ra isa urun rêmbug. Awakmu waé sing katon kuwat ning nèk konmikir wêgah,” omèlé si Prênjak.
“Ya bèn ta, kowé sênêngané ya mung takon lan nuduhè”
“Wèlèh…wèlèh…kok malah ramé dhéwé,” sauré Jêrapah.
Jêrapah kuwi kèwan sing guluné dhawa lan duwur dêdêgé, dadi nèk kèwan liyané arêp omong kudu ndangak, bèda karo kêthèk sing isa mènèk wit nèk omongan karo Jêrapah.
“Wis saiki awaké dhèwè kudu isa nandur manèh wit-wit sing wis ditêgori manungsa nganggo winih sing apik. Nèk ana manungsa manèh sing arêp nêgori wit kudu ana sing gêlêm akon lunga. Kowé kuwi ya macan, manungsa khan wêdi nyawang awakmu. Wêdèn-wêdènana waé .”
“Bèrès, aku takjaga alas iki saka manungsa, ning piyè carané aku ngêrti ana manungsa sing arêp nêgor wit?”takoné macan.
“Gampang kuwi, aku waé sing killing alas, khan aku duwé swara sing énak dirungoké. Dadi sabên ana manungsa aku mènèhi têngêr,”ujaré si Prênjak.
“Kuwi usul sing apik,” saurè Kidang.
“Mêngko kowé nêmbang apa? Karêbè aku ngêrti kuwi têngêré ana manungsa.
“Têmbang dolanan waé ya, kaya ngéné ukarané;
gundhul-gundhul pacul..cul..gêmbèlèngan,
nyunggi nyunggi wakul…kul ..gêlèlèngan,
wakul ngglimpang sêgané dadi salatar,
wakul ngglimpang sêgané dadi salatar.
“Apik têmbang kuwi, khan padha karo kahanan ing alas iki sing gundhul,” saut Kêthèk.
Musyawarah kuwi rampung, kèwan-kèwan wis duwé gawéan dhéwé-dhéwé, ana sing wiwit golèk winih kanggo nandur alas sing gundhul, ana sing ngrêsiki rêgêdan, ana sing ngawasi kahanan ing alas, lan liya-liyané.
Prênjak mabur rana réné, mènclok kana mènclok kéné. Ujug-ujug ana swara bêdhil…dhor…dhor….,”Éit…walah aku ta sing arêp dibêdhil.” Prênjak mabur luwih dhuwur, mêrga ra ngawaské lé mabur…brug…Prênjak banjur tiba.
“Wah…dina iki awake dhéwé bêja iki, éntuk manuk prênjak sing apik,”swarané manungsa.
Krungu swarané lamat-lamat manungsa sing wis mbêdhil mau, si Prênjak mêlèk,”aku durung mati ta!??”maturnuwun Gusti, aku durung mati. Adhuh cilaka, aku kudu nêmbang gundhul-gundhul pacul kanggo ngandhani macan nèk ana manungsa!” bathiné Prênjak.
Banjur Prênjak nêmbang gundhul-gundhul pacul, manungsa malah sênêng krungu siulané Prênjak.
Macan agèk waé arêp mêrêm, kagèt krungu swarané Prênjak, pancèn ora cêtha,”Sik..sik, kaya swarané Prênjak, têmbangé waé takrungoké!!!”Bênêr..bênêr..swarané Prênjak, ning Prênjak kok ora kètok ya?”
Macan isih waé mbingungi, banjur ana Kidang, uniné,”kowé piyé ta, kaé tênanan swarané Prênjak. Ayo takkancani golèki Prênjak!”
Kidang lan Macan banjur nggolèki swarané Prênjak. Sawise mlaku mrana mréné ngêtutké swarané Prênjak akhiré kêtêmu.
“Lha kaé Prênjak kêcêkêl manungsa kuwi, ayo nulungi Prênjak!”
Macan ancang-ancang ngêtoké kadigdayané kanggo mêdèni manungsa sing nyêkêl Prênjak lan arêp nêgori wit ing alas. Manungsa-manungsa kuwi krungu swarané macan, banjur mlayu pontang-panting. Prênjak diculké, Prênjak girang ora sida digawa karo manungsa sing sênêng ngrusak alas.
Wusana alas ing kono saiki ora tau ana manungsa manèh sing nêgori wit-witan, mêrga kèwan-kèwan ing alas kono guyup rukun kanggo mbrantas ulahé manungsa. Prênjak lan kèwan-kèwan urip sênêng mêrga alas wis kêbak karo wit-witan sing ijo royo-royo lan katon èndah.
ria,darsih..Oktober,2010
Kamis, 15 April 2010
geguritan
esuk-esuk wis kudu tangi,
adus njur ngeluk boyok,
kiwa tengen,
munggah medhun
rampung......
eee mengko dhisik,
nglumpuk maneh ing lapangan
udane cilik-cilik menthik,
ngrungoke andharan,
info kana info kene,
njur numpak bis
tumetesing udan,
samsaya banter,
tetep gumregah,
tetep guyup,
mlaku samsaya karo kanca-kanca
nujuing pucuking kahyangan parangtritis
oaalah.....Gusti...Gusti,
pancen edi peni tenan,
omah donya jagading manungsa,
tembung siji-sijia ora isa takgurit,
mung ngrasake sumiyuting angin,
gandane lemah sing teles saka udan,
kebak pedhut ing kahyangan iki...
kamulyan lan karaharjan sumubar,
saindenging jagading donya,
maturnuwun Gusti,
maturnuwun Gusti,....
lingsire wengi wis ngelus,
langit sore,
gunmyaking prajab,
tansah gawe pepadhaning,
dalan gaweyan prajab 2010,
minangka pencokan lan panglembana urip....
suraka surak horeeee horee horee
prajab 2010 pancen oye....
diklat yk,16/04/10..
ria darsih
Kamis, 21 Januari 2010
Maneka sesaji ing upacara tradisional adat Jawa:
Upacara Brokohan:
a. Endhog mentah cacahe miturut neptu lan pasaran bayi gula jawa, dhawet
b. Ambeng diwadhahi tampah lan iwak kebo (iwake sethithik, jerohan sithik, sarta matane siji)
c. Jangan menir lan pecel pitik
Upacara slametan sapasaran:
- Sega tumpeng janganan
- Jenang abang-putih, baro-baro
- Jajan pasar
Maneka wujud
sesaji
ing upacara tradisional
- Tumpeng robyong:
- Sega golong:
- Jangan padhamara:
- Jangan menir:
- Pecel pitik:
Tumpeng robyong:
Tumpeng diwadhahi cething, diparingi endhog, iwak, trasi, lombok kang disunduki banjur kacublesake ing pucuking tumpeng
Panyuwune: supaya slamet
Sega golong:
• Sega golong lulut, lemek lan tutup endhog dadaran (ngisor lan dhuwur godhong didekeki endhog dadaran)
• Payuwune: kumpuling kawula Gusti
Jangan padhamara:
¡ Jangan kangkung nganggo iwak, bumbune brambang, bawang, salam, laos, tumbar, jinten, gula, asem, trasi, lan uyah)
¡ Panyuwune: guyup rukun
Jangan Menir
Godhong bayem/katuk/kangkung
Bumbune brambang, bawang,temukunci,garam
Panyuwune: guyup rukun/tentrem
Rabu, 09 Desember 2009
busana a dat
Bentenipun Busana Adat Jawa Gaya Ngayogyarta lan Surakarta
Gaya Ngayogyakarta
1. Nyamping:
a. Anggenipun nyamping seretipun
dipundhelikake
b. Dominan werna batik pethak
c. Sinjang kangge putri sisih tengen
Kangge kakung sisih kiwa
2. Blangkon wonten mondholan
3. Keris /tosan aji
a. Jenising tosan aji alit
b. Warangkane dipunwastani branggah
Gaya Surakarta
1. Nyamping:
a. Anggenipun nyamping seretipun ketingal
b. Werna batik luwih peteng
c. Sinjang kangge putri sisih tengen, kangge kakung sisih kiwa
2. Blangkon:
a. Mboten wonten mondholane
3. Tosan Aji /Keris
a. Jenising tosan aji ageng
b. Warangkane dipunwastani ladrang
Bentenipun dhestar lan blangkon
· Dhestar lan blangkon mupangatipun inggih punika kangge nutupi mustaka
· Dhestar inggih punika kain ingkang dawa banjur dipunubengake ing mustaka (kados sur ban)
· Blangkon inggih punika ‘topi’ kangge nutupi mustaka
Minggu, 06 Desember 2009
kisi2 klas xii sem 1 th09-10
KISI-KISI PENULISAN SOAL ULANGAN SEMESTER I
Nama Sekolah : SMA N I Sewon
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA
Penyusun : Riana Wati,SS.
Kelas : XII
No. | SK | Kompetensi Dasar | Materi Pembelajaran | Indikator Soal | Bentuk Soal | Ket (No soal) |
1. 2 3 4 |
| · Menganalisis isi dan struktur berbagai wacana tentang bahasa,sastra dalam kerangka budaya Jawa · Melagukan dan memahami isi tembang Macapat · Membaca dan memahami pesan moral dari wacana beraksara Jawa · Simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga, sekolah, dan masyarakat dengan unggah-ungguh yang tepat. · Menulis artikel berbahasa Jawa · Menulis surat resmi, surat ijin berbahasa Jawa |
· Membaca wacana berbahasa Jawa
· Tata krama di dalam bahasa Jawa · Sesorah dalam berbagai kegiatan sekolah · Kerangka sesorah · Memahami makna,karakter,tingkat kesulitan dalam menulis wacana Jawa · Artikel bahasa Jawa · Memahami karakteristik surat resmi |
| | |