Kamis, 21 Januari 2010

Maneka sesaji ing upacara tradisional adat Jawa:

Upacara Brokohan:

a. Endhog mentah cacahe miturut neptu lan pasaran bayi gula jawa, dhawet

b. Ambeng diwadhahi tampah lan iwak kebo (iwake sethithik, jerohan sithik, sarta matane siji)

c. Jangan menir lan pecel pitik

Upacara slametan sapasaran:

  • Sega tumpeng janganan
  • Jenang abang-putih, baro-baro
  • Jajan pasar

Maneka wujud
sesaji
ing upacara tradisional

  1. Tumpeng robyong:
  2. Sega golong:
  3. Jangan padhamara:
  4. Jangan menir:
  5. Pecel pitik:

Tumpeng robyong:

* Tumpeng diwadhahi cething, diparingi endhog, iwak, trasi, lombok kang disunduki banjur kacublesake ing pucuking tumpeng

* Panyuwune: supaya slamet

Sega golong:

Sega golong lulut, lemek lan tutup endhog dadaran (ngisor lan dhuwur godhong didekeki endhog dadaran)

Payuwune: kumpuling kawula Gusti

Jangan padhamara:

¡ Jangan kangkung nganggo iwak, bumbune brambang, bawang, salam, laos, tumbar, jinten, gula, asem, trasi, lan uyah)

¡ Panyuwune: guyup rukun

Jangan Menir

Godhong bayem/katuk/kangkung

Bumbune brambang, bawang,temukunci,garam

Panyuwune: guyup rukun/tentrem

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengenai Saya

Foto saya
hidup penuh perjuangan

Pengikut