Senin, 21 September 2009

geguritan

Melathi

negriku wis mardika
wewayangan mlathi nyebar gandha
korban jiwa raga kanggo negriku
nadyan awak ajur dadi sawur
getih wutah mili
nelesi nusa iki

ing manjing jroning ratri
prasetyaku thukul ing ati
bebisik lirih kebak sih
njaga langgenging kamardikan
njaga warising Mlathi
amteg aji kebak kaendahan

ayo ....age-age ngadeg
kudu nduweni tekade Mlathi
anuladha smangat Mlathi
ngleluri raharjaning budaya
bebarengan ambangun
budaya aku lan kowe
budaya Jawa

ria darsih, 15 sept 09

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengenai Saya

Foto saya
hidup penuh perjuangan

Pengikut