”Kabudayan Jawa warising para kusuma bangsa”
Ingkang pantĕs sinudarsana Bapak-bapak pambiji ing Sayĕmbara Basa Saha Sastra Jawa Warsa 2009.
Ingkang kinurmatan para lĕnggah.
Ingkang kinasih para paserta Sayĕmbara.
Sadurunge ana bumi langit,
Mung sira kang ruh,
Ingkang ana ananira dhewe,
Awor lawan Yang Suksma sejati,
Sireku sĕsulih,
Sulihe Yang Agung.
(Kacuplik Pranata Adicara Basa Jawi: 2004, Mijil kaca 92)
Assalamu’alaikum wr.wb.
Nuwun, kĕparĕnga kula matur, sinartan munjuk muja muji sukur konjuk Gusti, inggih Sumbĕrgung, Sumbĕring Sumbĕr ingkang Anyumbĕri Sadayaning Sumbĕripun Gĕsang, ingkang sampun kĕparĕng amurba amasesa sarta paring kawĕlasan kamirahan tumraping gĕsang kula panjĕnĕngan sami.
Para pambiji ingkang pantĕs sinudarsana,
Mĕnggah wigatosing sowan kula ing ngarsa panjĕnĕngan sami ingkang sampun wani ngadĕg saha gĕmpil kamardikan ing titilaksana punika, kĕparĕnga kula ngandharakĕn inggih punika babagan ’Kabudayan Jawa warising para kusuma bangsa’.
Bangsa Indonesia dipunwastani bangsa ingkang misuwur ing saindenging buwana ingkang salah satunggilipun inggih punika kabudayan Jawa. Kabudayan Jawa dipunwastani budaya ingkang adiluhung. Adi inggih punika bĕcik, saha luhung sagĕd dipunwastani linuwih. Pramila budaya Jawa lĕrĕs bilih dipunwastani budaya ingkang becik saha luwih amrih kathah kĕrta aji ingkang kamot ing kabudayan Jawi.
Kamardikan ingkang dipuntampi dhatĕng masarakat Indonesia jalaran rasa trĕsna saking para kusuma bangsa tumrap negara Indonesia. Para kusuma bangsa ingkang marisi saha nĕngĕnakĕn kabudayan Indonesia inggih punika Ki Hajar Dewantara.
Warisan saking Ki Hajar Dewantara inggih punika Taman Siswa ing kutha Ngayogyakarta. Ing Taman Siswa nĕngenakĕn piwulangan budaya Jawa, sĕmboyan ingkang misuwur inggih punika ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
Budaya Jawa ingkang sampun dipuntilarakĕn ing jaman globalisasi punika jalaran budaya Jawa dipunwastani budaya ingkang kolot, budaya alon-alon waton klakon, lan sapanunggilipun. Miturut kawula mudha ing jaman modheren budaya Jawa sampun botĕn jumbuh tumrap kahanan jaman modheren punika. Para kawula mudha ing jaman globalisasi kĕdah sagĕd nganut wĕwarah saking Ki Hajar Dewantara, amrih sagĕd nguri-uri kabudayan Jawa. Ing sĕmboyan ingkang kasĕbat wau ngajak kawula mudha anuladha para kusuma bangsa ingkang sampun nglawan walanda, sarta mangun karsa ing ancasipun mbangun budaya Jawa amrih lĕstantun, ing wasana sagĕd ngĕtutke amrih lĕstantun. Saking mapintĕn pintĕn prĕkawis punika, kula panjĕnĕngan sami kĕdah sagĕd nglĕstantunakĕn, anjagi, ugi nguri-uri kabudayan Jawa. Mĕnawi kabudayan Jawa sampun kalastantunakĕn ing jaman globalisasi punika, ancasipun kabudayan Jawa botĕn bade sirna kasilĕp owah gingsiring jaman.
Para rawuh ingkang minulya,
Hambok bilih caosan punika namung aji godhong jati aking, Ananging, ing pangangkah mugi ndadosakĕn suka rĕnaning pĕnggalih para kawula mudha amrih nglĕluri kabudayan Jawa.
Para pambiji ingkang sinubasinukarta,
Wusananing atur, mĕnawi wontĕn kuciwaning atur saha kirang subasita, tuwin tandang tanduk ingkang botĕn mranani pĕnggalih panjĕnĕngan sami, kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Minangka talanging basa, santĕn parutan klapa, cĕkap sĕmantĕn atur kula. Sĕpisan malih nyuwun pangapuntĕn.
Matur nuwun, wassalamu’alaikum wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar