tetesing getihmu...
ing satengahing palagan
kowe ora gigrig, ora miris, lan suthik
urubing smangat wis kebanjur mekar
oh ati...
ati kadhang uga bisa sempal
unjal napasmu saka katresnanmu
netesi pretiwi kanggo kamardikan
nanging...
tetesing getihmu sirna kasilep
donya...
kahanan kang kebak kanisthan...
urip wis owah
kairing gingsiring jaman
kairing sirnaning budaya
budayamu...
budayaku...
jer luhuring sesanti
ayo padha....
gumregah...nyengkuyung
eseme kabudayan
mrih mulya donya akherat
ria darsi 17 sept 09
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar