Kahanan utawa ’Ekasistensi’ Budaya Jawa ing Era Globalisasi
Budaya inggih punika ’budhi’ saha ’akal’ manungsa. Budaya sagěd dipunwastani pakulinan ingkang magěpokan kaliyan solah bawa masarakat. Budaya Jawa punika sagěd dipunwastani pranataning urip wong Jawa nuju kasampurnaning janma/ manungsa. Ing budaya Jawa sagěd dipunpirsani saking solah bawaning wong Jawa inggih punika unggah-ungguh utawa ’tata krama’
Unggah-ungguh utawa ‘tata krama’ kangge ngurmati priyayi sanes. Nanging ing wěkdal sapunika tata krama sampun dipuntilar. Awit kathah priyayi ingkang sampun karasuk budaya utawa adat sanes. Sajatosipun adat Jawi punika sampun sae sangět, nanging masarakat Jawa sampun kathah ingkan botěn purun nglěluri. Budaya unggah-ungguh punika warisan saking sěsěpuh ingkang sagěd ndadosakěn manungsa luhur budi saha pěnggalihipun. Ing budaya Jawa wontěn paribasan ’Ajining dhiri saka lathi’ ’Ajining awak saka tumindak’, saha ’Ajining raga saka busana’, ukara punika magěpokan kaliyan tatakrama ing wicara saha solah bawa manungsa. Nalika wicantěn kaliyan priyayi sěpuh kědah nggatosakěn unggah-ungguhipun. Babagan punika sampun sami botěn dados wigati dening nem-neman.
Ing era globalisasi budaya unggah-ungguh sampun kěsilep ing kěmajěngan jaman. Para kawula mudha sami botěn purun nguri-uri budaya Jawa, wontěn ingkang mastani měnawi budaya Jawa inggih punika budaya kolot, ’katrok’, jadul lsp. Wontěn ingkang ’luweh’ kaliyan budaya Jawa, wondene wonten nem-neman ingkang lingsem dening budaya Jawa.
Andharan wau punika botěn dadosakěn gumun jalaran budaya manca něgara sampun ngrasuk ing nem-neman. Ing kěmajěngan jaman punika kathah nem-neman ingkang bombong ing manah, rumangsanipun měnawi nggunakake budaya manca kaanggěp ’modhern’.
Kahanan budaya Jawa sajatosipun sagěd nyěngkuyung budaya manca. Babagan punika sagěd dipunpirsani saking solah bawaning manungsa ingkang taksih wonten ingkang ngugěmi babagan unggah-ungguh utawa tatakrama punika.
Budaya Jawa ing jaman modern punika utawa kondangipun ’era globalisasi’ kědahipun dipunsěngkuyung kaliyan masarakat umumipun , mliginipun nem-neman jalaran nem-neman ingkang dados ’penerus’ budaya Jawa amrih lěstantun kanthi nuwuhakěn raos trěsna tumraping budaya Jawa. Pramila kula panjěněngan tansah ngugěmi budaya Jawa sinambi nampi kěmajěngan jaman saha dadosakěn budaya Jawa dipunpundhi ing jaman era gobalisasi.
Ria Darsih, 3 Oktober 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar