Nĕsu nganggo tata krama
“Wilujĕng siyang, cah bagus lan cal ayu,” kandaku marang murid-muridku ing klas XII “Wilujĕng enjing,bu” wangsulane. Aku mulang ning SMA sejatine mung daklakoni kaya paraga saka sang Dalang. Sadurunge dadi guru, aku mung ning omah ngurusi gawean omah. Ing sawijine dina bojoku ngandhani nek saiki akeh guru B Jawa sing dibutuhke ing pawiyatan saka SD tĕkan SMA.
Dina iki aku mulang tata krama, pitakonku marang murid yaiku babagan manungsa nalika nĕsu. Manungsa duweni sipat sing apik lan elek, sinaosa manungsa sing tata lan luhur budine, nalika ana sing nyinggung ati, sak dhet sanyĕt ora nganggo mikir mĕsthi manungsa sing kĕsinggung atine kuwi langsung tumindak sing ora mlĕbu ning pikir.Ana sing ngunek-unekke, ana sing nuding karo mĕtu tĕtĕmbungan sing ala, ana sing nggĕbrak meja, lan liya-liyane.
”Sapa sing nĕsu ing klas iki nganggo tata krama?”, Murid-muridku ora wangsulan nanging malah ngguyu.”We, didangu kok malah ngguyu!”, kandaku.
”Bu, nyuwun pangapuntĕn, nggih! Kula paring urun rĕmbug!” jare Ita. ”Ya, apa panĕmumu!”. ””Mĕkatĕn lho, bu! Wong nĕsu kok ngangge tata krama, mĕnapa botĕn lucu dadosipun”. ”Lucu, piye ta, kandamu kuwi sing lucu!” Jaka mangsuli.
”Sik,ta! dimirĕngke dhisik kancamu matur,Jaka!”,aku
nyĕla.”Nggih,bu!”.”Lucunipun mĕnika nggih, pripun nggih!”(he he he..)Ita nyĕngenges.
”Kĕpiye ta, cah ayu!kok malah mesam-mesĕm” wangsulanku.”Wis, karĕpmu ’lucu’ kuwi ngene ya!”(aku maringi tuladha pacĕlathon ).
”Mrenea Ita karo Jaka maju ning ngarĕp klas, ibu arĕp maringi patuladan kanggo kanca-kancamu”. Jaka lan Ita takkandhani sing kudu dilakokake ing ngarĕp klas.
”Jaka, ana apa wingi mara ing omahku!”pitakone Ita. ”Ngene lho, Ta!aku dikon kanca-kanca takon marang awakmu, geneya kowe kok arĕp mĕtu saka klompok?”,nek arĕp mĕtu saka klompok ki ora saiki, sesuk wae nĕk wis munggah klas XII!”
Krungu pitakonan lan usule Jaka, atine Ita nĕsu, kandane,”Sakkarĕpku ta, nek aku arĕp mĕtu saka klompok iki, apa ana larangan aku mĕlu klompokmu utawa klompok sing liyane?”Aku mĕtu saka klompok iki mĕsthi ana musababe!”, ”Aku ora sĕnĕng nek ana sing ngarani aku melu klompokmu jalaran aku wong sugih!Klompokmu kondang nek klompok sing isine wong ’elit’!”
Jaka nyĕla,”kudune kowe sĕnĕng, ngucap lan sujud sukur, diaranani wong sugih, diamini wae ta,Ta!”.
”We, lha dalah wis dikandani aku ora sĕnĕng diarani kaya mangkono, kok kowe mĕksa!”(Ita nuding-nuding Jaka).
”Ayo kĕplok kanggo kancamu Ita lan Jaka!”...plok...plok...plokkk
”Pun sakniki ibu mundhut pirsa, kĕpiye kahanan sing dipĕragakake Ita sing lagi nĕsu diowahi nganggo tata krama!”
”Lucu, bu...lucu....!!!!”murid-murid sami wangsulan
“Kaya ngene ta,(Aku maringi conto wong nĕsu nganggo tata krama)!”Wiragane Ita nalika nĕsu takpraktekke ora nuding-nuding ning kaya wong sing lagi pidhato, trus ukaraku”Mĕnapa wontĕn ingkang nglarang mĕnawi kula mĕdal saking klompoke panjĕnĕngan?”Kula mĕnika botĕn rĕmĕn dipunwastani wong sugih”(ngangge swara sing alus tĕnan)…
“Bu, mĕnawi paraga Ita dipunowahi kados mĕkatĕn, pamanggih kula Ita botĕn nĕsu, nanging namung caos pirsa kemawon!”Andi nyĕla.
Jare Ani,”Bu, wong nĕsu mĕnika botĕn sagĕd ngangge tata krama, to the point mawon masalahe!”
“Sarujukkkkk….ora ana wong nĕsu dikon nganggo tata krama!”Rozag mangsuli sĕro bangĕt saking lungguhan buri dhewe.
“Wis, sakniki sintĕn ingkang jumbuh karo pamanggih ibu, rikala manungsa nĕsu kudu nganggo tata krama? Pitakonku maneh marang murid-murid.
Ora ana sing ngacung tangane, lan ana sing mung geleng-geleng.
“Cah bagus lan cay ayu (aku sĕnĕng nyĕbut murid-muridku nganggo sĕbutan kuwi), sĕjatine wong urip pancen awrat mĕnawi nĕsu kĕdah ngangge tata krama, ning tata krama mĕnika ing budaya Jawa paring paugĕran supados manungsa tansah emut dening Sang Taya. Mĕnawi ing ati kabeh manungsa manunggal kaliyan Sang Taya, ibu pitados boten wontĕn manungsa ingkang meri, srik, ‘negative thinking’ antarane siji manungsa lan manungsa liyane. Manungsa kĕdah sagĕd nampi kahanan ingkang sampun ginaris saking Sang Khalik.
”Nyuwun pirsa, Bu!”pitakon muridku sisih kidul klas.
”Apa, Ton?” wangsulanku.
”Budaya Jawa mĕnika nglarang manungsa nĕsu, Bu?”pitakonan Tono.
”Ing budaya Jawa botĕn nglarang manungsa nĕsu, namung nggulawĕntah manungsa supados ’ngati-ati’.Karĕpe ’ngati-ati’ yaiku botĕn gampang kĕpancing nalika ngadhĕpi kahanan sing ruwĕt.Mĕnawi sampun klakon nĕsu,yo uwis ning sing prĕlu digatekake yaiku ing budaya Jawa manungsa tansah nyuwun ngapura kaliyan Sang Khalik lan pawongan ingkang dinĕsoni.”mangkono jlrentrehanku
”Bu, kĕpripun mĕnawi pawongan ingkang dipunsuwuni ’maaf’ taksih nggadhahi rasa kang boten sae marang awake dhewe sing klentu?”Rara takon
”Nah, kuwi manungsa kang duweni ati angel, ning ibu precaya nek manungsa kuwi duweni sipat kang wĕlas asih, sĕnajan angel ning mĕsthi sagĕd sae wusanane!” wangsulanku.
Padamu Negri kami berbakti, padamu negri kami berjanji.....(swara bel skolahan tandha wis wayahe bali)
”Cĕkap sĕmantĕn sinau bahasa Jawa babagan tata krama nalika pawongan nĕsu. Mugi-mugi pasinaonan ing dintĕn sakmĕnika sagĕd murakabi manungsa ing panggĕsangan. Wilujeng siyang, matur nuwun awit kawigatosanipun”. Ukara panutupku marang para siswa.
Yogyakarta, 26 Juli 2009
Ria Darsih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar