AKU lan DHEWEKNE
Sore-sore ing taman desa sing eyup, sumilir, adhem ing ati. Asih mlaku-mlaku ing taman kuwi karo Arman, kancane. Ing taman Asih ngobrol ngalor ngidul sinambi gegojegan.
”Kowe mau tuku pulsa ning endi?” takon Asih
”Ning Koperasi Sekolah, sing murah. Sih, aku gawa coklat lho!!”
”We, hayo ??kanggo sapa? Yayangmu ya???
“Ngawur yayang yayang , yangko pa!! Karo isin-isin lan mesĕm,Arman ngĕtokake coklat lan menehke marang Asih.
“Tĕnan, ki!!?? Kanggo aku ??”
“Iya, kowe khan sĕnĕng coklat!” jare Arman
Asih sĕnĕng nampa coklat saka Arman, jalaran saking sĕnĕnge coklat mau dipangan.
Uayem atine Arman, nadyan satemene atine pinggĕt, ning ya wis ben, dakurupke saklar katresnan iki marang Asih.”Sih, Asih....rasa trĕsnaku iki dakampĕt dhisik ya!!”
”Kowe ngomong apa???!!
”Apa!?? Eh, aku ora ngomong apa-apa kok! Katon kagĕt Arman ditakoni grenĕngane mau
”Ayo mulih, wis meh magrib...mengko tĕkan omahmu aku didukani ibumu lho! Ning mampir ning foto copyan ing pinggir gang omahmu ya!”
”Walah mampir-mampir ,ta! Kowe foto copy dhisik, aku mengko nusul awakmu!”
”Ya, takenteni ning foto copyan ...aja kesuwen !”
”Nggiih, sĕndika dhawuh....”
Asih mbaleni mangan coklat, dumadakan ana sagrombol wong lanang sing nyĕdaki Asih.
”Eduan! Sapa kowe, kok jawil-jawil!!!”
”Dhuh galak tĕnan,..nunggu sapa cah ayu? Ayo takterke bali bonceng aku , apa mlaku-mlaku ning endi wae sakarĕpmu??” godhane
”Aja..aja.. dhĕmak-dhĕmek!”Asih njĕrit-njĕrit
Nalika Asih njĕrit-njĕrit lan nutupi awake sing arĕp dicĕkĕl...
”Eh, aja mung wani karo bocah wadon wae, ya!nek wani karo aku!”
”Sapa, kowe...kangmase pa?”
”Iya, aku kangmase!”
Bluk...bluk...plok ...dug..dug... padha antĕm-antĕman, siji lawan wong papat...Seru tĕnan, ning kok...kok...wong sing padha nggodhani Asih mau ujug-ujug mlayu sipat kuping.
”Aja mlayu...mrenea...dhasar banci..wani mung karo cah wedhok!!
Muarem tĕnan atine bombong sajak mĕnang...ning...
”Awas!!!” Asih ngrangkul pawongan sing nulungi awake..jĕbule wong lanang mau ana sing mbalang watu nalika mlayu. Bejane Asih karo sang penyĕlamat ora kĕna.
“Eh, ngapuntĕn….ngapuntĕn…!”Asih karo lingsĕm ngĕculke tangane sing nempel kaya prangko.
“Nuwun, nggih…!”
“Kok malah sampeyan sing matur nuwun, nggih kula sing kudune matur nuwun jalaran sampun ditulungi!”
“Padha-padha…awakmu ya nulungi aku saka watu sing dibalangke mau!Jĕnengku Bayu, jĕnĕngmu sapa?”
“Asih, mas!”
“Ra usah diundang mas, aku sapantaran kok karo awakmu! Omah mu ning gang rambutan ta?”
”Iya, kok mas eh, sampeyan ngĕrti omahku?”
” Aku asring lĕwat gang kuwi nek foto copy ning pojoke gangmu kae!”
Gandrik tĕnan, Arman nunggu aku kesuwen. Mengko malah mrene lan takon sing macĕm-macĕm, aku tak mulih wae.
”O, ngono ta, sepisan maneh matur nuwun ya, aku bali dhisik , wis meh magrib iki!”
”Takterke, pa piye?”
”Boten, aku wis ora papa kok. Next time kĕtĕmu maneh nggih....”
“Mangga…mangga…ati-ati ya!”
Asih enggal-enggal bali nuju warung foto copyan.
Sakwise kedadean kuwi Asih dadi mikirke Bayu.”Aku je karo Bayu, awake atletik, ireng manis, gagah prakosa, irunge mancung...walah walah atiku kok mongkok banget marang dheweke...saumpamane isa dadi katrĕsnanku, piye ya???!!Aku khan cah wedok saru je nek blaka marang dheweke!”
”He, ngalamun wae!lagi ngapa?”
Krungu swara sing wis ora asing nyenggol kuping Asih.
“Bayu!!???
“Ngalamun wae, nganti ana lalĕr siskamling ora ngĕrti!” omonge Bayu
”He..he..he lalĕr kok siskamling..kok ora sisan sĕmut arisan wae!Lho Bay, kok tĕkan kene dolane!Omahmu ki ngĕndi je??
”Asih..Asih..kowe ki lucu, aku takon durung diwangsuli malah genten takon!”
”Ngapuntĕn den Bayu, aku kaget tĕnan!”
(Waduh kudu piye aku, piye ya, rambutku awut-awutan iki, waduh ambuku kok kĕcut ya, hehehe)
”Walah ngalamun maneh tur nagnggo ngguya-ngguyu, kĕsambĕt lho mĕngko..”
”Sampeyan takon apa? Aku lali je...iya dhing aku ning kene ngapa ngono ta pitakonanmu!Aku lagi ngenteni kancaku ning durung tĕka-tĕka, ĕmbuh sida apa ora, hpne taksms ora ana wangsulane. Nek awakmu lagi ngapa ning mall iki?”
”Aku golek kado kanggo ultah adhiku.Arĕp melu mutĕr-mutĕr? Aku durung nĕmu barang sing pas!”
”Adhik kĕtĕmu gĕdhe?”
”Adhiku tenan den Asih!!!”
”Piye arĕp melu ra?”
”Iya tinimbang kaya sapi ompong!”
Ngimpi apa aku sawĕngi isa kĕtĕmu dheweke, sĕnĕng tĕnan ati iki isa mlaku-mlaku sinaosa dheweke durung ngĕrti isine ati iki.Mutĕr-mutĕr, mrene mrana, ning toko klambi, toko assesoris. Lagi asyik-asyike milih-milih barang..ujug-ujug keprungu swara wong kelaranen...
”Waduh!!”
Asih mengo, kaget njĕnggirat wĕruh Arman nggĕbuki Bayu. Nalika Bayu arĕp mbalĕs, Asih mbĕngok...
”Lho...lho...Arman!?!?”Kowe ngapa ora ana angin ora ana udan, sakwudelmu ngantĕmi kancaku???
”Kancamu ta, Sih?”(Bayu takon karo nyĕkĕli wĕtĕnge sing lara )
”Iya, apa sing lara Bay? Asih mĕsakake ndĕlok dheweke sing ditrĕsnani, karo mĕndĕlik, mĕnthĕlĕngi Arman.
”Kowe pengin rĕti geneya aku ngantĕmi bocah lanang iki...Aku nĕsu karo kancamu iki, Sih!Sĕjatine aku trĕsna marang awakmu, atiku ora kuwat ndĕlok ,rasane wuyung tĕnan.”
”Ha...., kowe sĕnĕng karo aku???gandheng cenenge karo Bayu apa? aku ki ora duwe rasa apa-apa marang awakmu!!!”
”Takkira Bayu kancamu iki sĕngaja nyĕdhaki awakmu, Sih! Aku wedi nek kowe ora mbalĕs rasa trĕsnaku!”
Bayu karo ngampĕt lara banjur omong..
”Iki salah tampa wae, Sih! Ngene ya, sapa jĕnĕngmu??”
”Arman!”
”Ngene Arman, aku karo Asih mung kĕkancan.”
”Apa!! Aku....aku sĕnĕng karo awakmu, Bay! Omonge Asih rindhik ning kanggone Arman lan Bayu ukara Asih kaya thathit nyambar donya sing panas mĕrga global warming...
”Apa!!!???Arman lan Bayu sumaur barĕng-barĕng
”Apa, Sih! Kowe sĕnĕng marang awakku?”
”Iya, Bay.”
”Ning awakmu karo aku nĕmbe tĕpung , apike nek kĕkancan dhisik!”
”Nek karĕpmu ngono , aku manut.”
Udakara sĕsasi, sawise kĕdadeyan ing mall kuwi, Arman, Asih, lan Bayu dadi kĕkancan, nanging rasa katrĕsnan Arman marang Asih ora sirna, ugi sĕmono Asih marang Bayu, ning Bayu isih adhĕm ayĕm ora ngĕrti karo rasa ing atine marang Asih. Kanca-kancane nek nyawang wong tĕlu sami gedheg-gedheg malah marabi ’rasa sih sing ora jĕlas endinge (cinta tak jelas)’
Ria Darsi, 27 Juli 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar