Selasa, 06 Oktober 2009

wedharan ngamot wasita sinandhi

1;?tith alusHn pt= w/n,ykuwi;

bis [ m]nTh mnu=s nzi= y bis mitulu=zi mnu=s,

kpin[do bis [ m]nTh mnu=s nzi= [aor bis mitulu=zi

mnu=s,

ktelu k= [aor bis [ m]nTh mnu=s nzi= bis nulu=zi

mnu=s,

kpptK= [aor bis [ m]nTh mnu=s nzi= y [aorbis

mitulu=zi mnu=s.

Titah alus ana patang warna, yakuwi bisa mrěntah manungsa nanging ya bisa mitulungi manungsa, kapindho bisa mrěntah manungsa nanging ora bisa mitulungi manungsa, katělu kang ora bisa mrěntah manungsa nanging bisa nulungi manungsa, kapapat kang ora bisa mrěntah manungsa nanging ya ora bisa mitulungi manungsa.DL:18,No.,1994

Těgěs:

Wědharan ing dhuwur iku měngku těgěs kang wěrid, lan agung. Manungsa minangka titah among kudu ngrumangsani yen sějatine durung apa-apa, ringkih, kanggone Pangeran. Sing baku manungsa iku mung kudu maněmbah karo sing nitahake lan ora bakal bisa mingkuh, apa kang dadi kěrsane sing nitahake městhi kělakone.


2;?titikK[n aluau/ , alusSi= [solh ti=kh bufi

bas[n ln

XkSn.

Titikane aluhur, alusing solah tingkah budi bahasane lan lěgawaning ati, darbe sipat běrbudi bawa lěksana.DL 19: Oktober 1994S

Těgěs:

Kaluhuraning budi iku mujudake pawitane ngaurip sing dhuwur banget kěrta ajine.

Pawongan kang anduweni budi luhur prasasat anduweni sipating Pangeran. Sipat luhur iku měngku karěp, manungsa iku tansah měrsudia bisane mirip marang sipating Pangeran kang Maha Luhur.

Anduweni kaluhuraning budi, sajroning urip ing masarakat městhi andarbeni kawibawan sing dhuwur, kaya dene pawongan andarbeni ilmu kang linuwih.

Kaluhuraning budi kena den umpamakake kaya dene kasugihan kang gedhe bangět kěrta ajine, kasugihan kang wujud ngelmu sějati, lan banjur kawahya ana ing alusing tingkah, budi basane, darbe sipat berbudi bawa lěksana, wělas asih marang sapěpadhane titah, adil, ora ambedak-bedakake děrajat, gědhe cilik, sugih miskin lan sapanunggalane kang tumuju marang karahayon.

3;?mnu=s aiku k=[gonnSiptTi= 8[z rn\,

Manungsa iku kanggonan sipating Pangeran.DL 21: Oktober 1994

Těgěs:

Wědharan iki anduweni kang adiluhung lan wěrid kanggo ngrumangsani yen manungsa iku sejatine amung titah sawantah.

Manungsa iku sawijine titahe Gusti Allah sing mulya dhewe lan ganěp, sabab pinaringan sipat-sipate Gusti Allah kang nitahake sakabehing barang kang kumělip ing alam raya iki.

Sawenehe sipat kang diparingake marang manungsa iki anduweni sipat Suci, Rasa, Adil, Kuwasa, Pintěr, lan kagungan Karsa, sarta isih akeh sipating Pangeran kang digadhuhake marang manungsa.

Tumrap ukuraning manungsa, sipat kagungan Karsa mau kabukten ana ing Rasa, karěp utawa krenteng. Jalaran saka krenteng-krenteng iku mau sějatine manungsa kadunungan sipat iradat Karsa.

Mula manungsa kudu maturnuwun lan maněmbah ing Pangeran, dene tinitah diparingi sipat-sipat kang ganěp.

4;?p=zucpHiku bis ffi jlrnKbecikKn\

p=zucp Hug bis ffi j lrnNi= pti, ks=srn\

pmit]n\,

p=zucp Hug ffi jlrnNi= wir= .

Pangucap iku bisa dadi jalaran kaběcikan.

Pangucap uga dadi jalaraning pati, kasangsaran, pamitran.

Pangucap uga dadi jalaraning wirangDL: 10 Sept 1994

Těgěs:

Wědharan iku ngandhut pitutur, supaya ana sajrone pasrawungan sadina-dina, wong kudu tansah ngati-ati lan tětěp anjaga, aja nganti ngucap lan ngomong mung sakěpenake dhěwě. Pangucap lan těmbung-těmbung sing ora disandhět, upama wae těmbung sing ora pantěs diucapake, kasar utawa nglarani atine liyan, městhi bakal ana akibat nuwuhake padudon, sisip sěmbire uga kawirangan, kurang běgjane bisa dadi jalaraning pati. Pitembungan iku wayanganing batin.

Kanggone běbrayan agung, wědharan mau tětěp isih diaji-aji. Kawibawan utawa kahormatan, sawijine panutan among gumantung marang bisane nuhoni lan arane janji kang wis diucapake.

5;?zufi lku autm knQi se[nTos ai= bufi.

Ngudi laku utama kanthi sěntosa ing budiDL: 17 Sept 1994

Těgěs:

Wědharan iku ngandhut wěrdi, supaya bakal dumadi sing ora dikarěpake, amung aja candhuk lawung karo pawongan sing nduweni watak arěp golek měnang dhewe. Sok pintěr kang angel nglarasake paněmu karo pikirane wong liya, rěrěmbugan kang tanpa ana paedahe

Yen němoni pawongan kang kaya mangkono iku pancen dibutuhake santosa ing budi, kudu tětěg anggone anduweni gěgěběngan. Sajrone pasrawungan among ngudi marang laku utama, golek pasěduluran lan ngědohake marang bab-bab kang bisa nuwuhake rěrusub.

Wědharan kasěbut ngandhut kěrta aji, pěndhidhikan kang anduweni tujuan nggayuh katěntrěman, lan karukunan. Kaya wis kula panjěněngan kawuningani, manungsa iku mahluk sosial, kang anduweni karěp sěsrawungan karo wong liya, lan anduweni pangarěp-arěp kang běcik. Yen salah siji anduweni paněmu lan ngadu kapintaran, kamangka rumangsa sing pintěr dhewe, lan uga rumangsa ora tau gawe kasalahan, bab kang kaya mangkono iku bisa anjalarani dumadine měmungsuhan.

Minggu, 04 Oktober 2009

cerpen (2)

AKU lan DHEWEKNE

Sore-sore ing taman desa sing eyup, sumilir, adhem ing ati. Asih mlaku-mlaku ing taman kuwi karo Arman, kancane. Ing taman Asih ngobrol ngalor ngidul sinambi gegojegan.

”Kowe mau tuku pulsa ning endi?” takon Asih

”Ning Koperasi Sekolah, sing murah. Sih, aku gawa coklat lho!!”

”We, hayo ??kanggo sapa? Yayangmu ya???

“Ngawur yayang yayang , yangko pa!! Karo isin-isin lan mesĕm,Arman ngĕtokake coklat lan menehke marang Asih.

“Tĕnan, ki!!?? Kanggo aku ??”

“Iya, kowe khan sĕnĕng coklat!” jare Arman

Asih sĕnĕng nampa coklat saka Arman, jalaran saking sĕnĕnge coklat mau dipangan.

Uayem atine Arman, nadyan satemene atine pinggĕt, ning ya wis ben, dakurupke saklar katresnan iki marang Asih.”Sih, Asih....rasa trĕsnaku iki dakampĕt dhisik ya!!”

”Kowe ngomong apa???!!

”Apa!?? Eh, aku ora ngomong apa-apa kok! Katon kagĕt Arman ditakoni grenĕngane mau

”Ayo mulih, wis meh magrib...mengko tĕkan omahmu aku didukani ibumu lho! Ning mampir ning foto copyan ing pinggir gang omahmu ya!”

”Walah mampir-mampir ,ta! Kowe foto copy dhisik, aku mengko nusul awakmu!”

”Ya, takenteni ning foto copyan ...aja kesuwen !”

”Nggiih, sĕndika dhawuh....”

Asih mbaleni mangan coklat, dumadakan ana sagrombol wong lanang sing nyĕdaki Asih.

”Eduan! Sapa kowe, kok jawil-jawil!!!”

”Dhuh galak tĕnan,..nunggu sapa cah ayu? Ayo takterke bali bonceng aku , apa mlaku-mlaku ning endi wae sakarĕpmu??” godhane

”Aja..aja.. dhĕmak-dhĕmek!”Asih njĕrit-njĕrit

Nalika Asih njĕrit-njĕrit lan nutupi awake sing arĕp dicĕkĕl...

”Eh, aja mung wani karo bocah wadon wae, ya!nek wani karo aku!”

”Sapa, kowe...kangmase pa?”

”Iya, aku kangmase!”

Bluk...bluk...plok ...dug..dug... padha antĕm-antĕman, siji lawan wong papat...Seru tĕnan, ning kok...kok...wong sing padha nggodhani Asih mau ujug-ujug mlayu sipat kuping.

”Aja mlayu...mrenea...dhasar banci..wani mung karo cah wedhok!!

Muarem tĕnan atine bombong sajak mĕnang...ning...

”Awas!!!” Asih ngrangkul pawongan sing nulungi awake..jĕbule wong lanang mau ana sing mbalang watu nalika mlayu. Bejane Asih karo sang penyĕlamat ora kĕna.

“Eh, ngapuntĕn….ngapuntĕn…!”Asih karo lingsĕm ngĕculke tangane sing nempel kaya prangko.

“Nuwun, nggih…!”

“Kok malah sampeyan sing matur nuwun, nggih kula sing kudune matur nuwun jalaran sampun ditulungi!”

“Padha-padha…awakmu ya nulungi aku saka watu sing dibalangke mau!Jĕnengku Bayu, jĕnĕngmu sapa?”

“Asih, mas!”

“Ra usah diundang mas, aku sapantaran kok karo awakmu! Omah mu ning gang rambutan ta?”

”Iya, kok mas eh, sampeyan ngĕrti omahku?”

” Aku asring lĕwat gang kuwi nek foto copy ning pojoke gangmu kae!”

Gandrik tĕnan, Arman nunggu aku kesuwen. Mengko malah mrene lan takon sing macĕm-macĕm, aku tak mulih wae.

”O, ngono ta, sepisan maneh matur nuwun ya, aku bali dhisik , wis meh magrib iki!”

”Takterke, pa piye?”

”Boten, aku wis ora papa kok. Next time kĕtĕmu maneh nggih....”

“Mangga…mangga…ati-ati ya!”

Asih enggal-enggal bali nuju warung foto copyan.

Sakwise kedadean kuwi Asih dadi mikirke Bayu.”Aku je karo Bayu, awake atletik, ireng manis, gagah prakosa, irunge mancung...walah walah atiku kok mongkok banget marang dheweke...saumpamane isa dadi katrĕsnanku, piye ya???!!Aku khan cah wedok saru je nek blaka marang dheweke!”

”He, ngalamun wae!lagi ngapa?”

Krungu swara sing wis ora asing nyenggol kuping Asih.

“Bayu!!???

“Ngalamun wae, nganti ana lalĕr siskamling ora ngĕrti!” omonge Bayu

”He..he..he lalĕr kok siskamling..kok ora sisan sĕmut arisan wae!Lho Bay, kok tĕkan kene dolane!Omahmu ki ngĕndi je??

”Asih..Asih..kowe ki lucu, aku takon durung diwangsuli malah genten takon!”

”Ngapuntĕn den Bayu, aku kaget tĕnan!”

(Waduh kudu piye aku, piye ya, rambutku awut-awutan iki, waduh ambuku kok kĕcut ya, hehehe)

”Walah ngalamun maneh tur nagnggo ngguya-ngguyu, kĕsambĕt lho mĕngko..”

”Sampeyan takon apa? Aku lali je...iya dhing aku ning kene ngapa ngono ta pitakonanmu!Aku lagi ngenteni kancaku ning durung tĕka-tĕka, ĕmbuh sida apa ora, hpne taksms ora ana wangsulane. Nek awakmu lagi ngapa ning mall iki?”

”Aku golek kado kanggo ultah adhiku.Arĕp melu mutĕr-mutĕr? Aku durung nĕmu barang sing pas!”

”Adhik kĕtĕmu gĕdhe?”

”Adhiku tenan den Asih!!!”

”Piye arĕp melu ra?”

”Iya tinimbang kaya sapi ompong!”

Ngimpi apa aku sawĕngi isa kĕtĕmu dheweke, sĕnĕng tĕnan ati iki isa mlaku-mlaku sinaosa dheweke durung ngĕrti isine ati iki.Mutĕr-mutĕr, mrene mrana, ning toko klambi, toko assesoris. Lagi asyik-asyike milih-milih barang..ujug-ujug keprungu swara wong kelaranen...

”Waduh!!”

Asih mengo, kaget njĕnggirat wĕruh Arman nggĕbuki Bayu. Nalika Bayu arĕp mbalĕs, Asih mbĕngok...

”Lho...lho...Arman!?!?”Kowe ngapa ora ana angin ora ana udan, sakwudelmu ngantĕmi kancaku???

”Kancamu ta, Sih?”(Bayu takon karo nyĕkĕli wĕtĕnge sing lara )

”Iya, apa sing lara Bay? Asih mĕsakake ndĕlok dheweke sing ditrĕsnani, karo mĕndĕlik, mĕnthĕlĕngi Arman.

”Kowe pengin rĕti geneya aku ngantĕmi bocah lanang iki...Aku nĕsu karo kancamu iki, Sih!Sĕjatine aku trĕsna marang awakmu, atiku ora kuwat ndĕlok ,rasane wuyung tĕnan.”

”Ha...., kowe sĕnĕng karo aku???gandheng cenenge karo Bayu apa? aku ki ora duwe rasa apa-apa marang awakmu!!!”

”Takkira Bayu kancamu iki sĕngaja nyĕdhaki awakmu, Sih! Aku wedi nek kowe ora mbalĕs rasa trĕsnaku!”

Bayu karo ngampĕt lara banjur omong..

”Iki salah tampa wae, Sih! Ngene ya, sapa jĕnĕngmu??”

”Arman!”

”Ngene Arman, aku karo Asih mung kĕkancan.”

”Apa!! Aku....aku sĕnĕng karo awakmu, Bay! Omonge Asih rindhik ning kanggone Arman lan Bayu ukara Asih kaya thathit nyambar donya sing panas mĕrga global warming...

”Apa!!!???Arman lan Bayu sumaur barĕng-barĕng

”Apa, Sih! Kowe sĕnĕng marang awakku?”

”Iya, Bay.”

”Ning awakmu karo aku nĕmbe tĕpung , apike nek kĕkancan dhisik!”

”Nek karĕpmu ngono , aku manut.”

Udakara sĕsasi, sawise kĕdadeyan ing mall kuwi, Arman, Asih, lan Bayu dadi kĕkancan, nanging rasa katrĕsnan Arman marang Asih ora sirna, ugi sĕmono Asih marang Bayu, ning Bayu isih adhĕm ayĕm ora ngĕrti karo rasa ing atine marang Asih. Kanca-kancane nek nyawang wong tĕlu sami gedheg-gedheg malah marabi ’rasa sih sing ora jĕlas endinge (cinta tak jelas)’

Ria Darsi, 27 Juli 2009

cerpen (1)

Nĕsu nganggo tata krama

“Wilujĕng siyang, cah bagus lan cal ayu,” kandaku marang murid-muridku ing klas XII “Wilujĕng enjing,bu” wangsulane. Aku mulang ning SMA sejatine mung daklakoni kaya paraga saka sang Dalang. Sadurunge dadi guru, aku mung ning omah ngurusi gawean omah. Ing sawijine dina bojoku ngandhani nek saiki akeh guru B Jawa sing dibutuhke ing pawiyatan saka SD tĕkan SMA.

Dina iki aku mulang tata krama, pitakonku marang murid yaiku babagan manungsa nalika nĕsu. Manungsa duweni sipat sing apik lan elek, sinaosa manungsa sing tata lan luhur budine, nalika ana sing nyinggung ati, sak dhet sanyĕt ora nganggo mikir mĕsthi manungsa sing kĕsinggung atine kuwi langsung tumindak sing ora mlĕbu ning pikir.Ana sing ngunek-unekke, ana sing nuding karo mĕtu tĕtĕmbungan sing ala, ana sing nggĕbrak meja, lan liya-liyane.

”Sapa sing nĕsu ing klas iki nganggo tata krama?”, Murid-muridku ora wangsulan nanging malah ngguyu.”We, didangu kok malah ngguyu!”, kandaku.

”Bu, nyuwun pangapuntĕn, nggih! Kula paring urun rĕmbug!” jare Ita. ”Ya, apa panĕmumu!”. ””Mĕkatĕn lho, bu! Wong nĕsu kok ngangge tata krama, mĕnapa botĕn lucu dadosipun”. ”Lucu, piye ta, kandamu kuwi sing lucu!” Jaka mangsuli.

”Sik,ta! dimirĕngke dhisik kancamu matur,Jaka!”,aku

nyĕla.”Nggih,bu!”.”Lucunipun mĕnika nggih, pripun nggih!”(he he he..)Ita nyĕngenges.

”Kĕpiye ta, cah ayu!kok malah mesam-mesĕm” wangsulanku.”Wis, karĕpmu ’lucu’ kuwi ngene ya!”(aku maringi tuladha pacĕlathon ).

”Mrenea Ita karo Jaka maju ning ngarĕp klas, ibu arĕp maringi patuladan kanggo kanca-kancamu”. Jaka lan Ita takkandhani sing kudu dilakokake ing ngarĕp klas.

”Jaka, ana apa wingi mara ing omahku!”pitakone Ita. ”Ngene lho, Ta!aku dikon kanca-kanca takon marang awakmu, geneya kowe kok arĕp mĕtu saka klompok?”,nek arĕp mĕtu saka klompok ki ora saiki, sesuk wae nĕk wis munggah klas XII!”

Krungu pitakonan lan usule Jaka, atine Ita nĕsu, kandane,”Sakkarĕpku ta, nek aku arĕp mĕtu saka klompok iki, apa ana larangan aku mĕlu klompokmu utawa klompok sing liyane?”Aku mĕtu saka klompok iki mĕsthi ana musababe!”, ”Aku ora sĕnĕng nek ana sing ngarani aku melu klompokmu jalaran aku wong sugih!Klompokmu kondang nek klompok sing isine wong ’elit’!”

Jaka nyĕla,”kudune kowe sĕnĕng, ngucap lan sujud sukur, diaranani wong sugih, diamini wae ta,Ta!”.

”We, lha dalah wis dikandani aku ora sĕnĕng diarani kaya mangkono, kok kowe mĕksa!”(Ita nuding-nuding Jaka).

”Ayo kĕplok kanggo kancamu Ita lan Jaka!”...plok...plok...plokkk

”Pun sakniki ibu mundhut pirsa, kĕpiye kahanan sing dipĕragakake Ita sing lagi nĕsu diowahi nganggo tata krama!”

”Lucu, bu...lucu....!!!!”murid-murid sami wangsulan

“Kaya ngene ta,(Aku maringi conto wong nĕsu nganggo tata krama)!”Wiragane Ita nalika nĕsu takpraktekke ora nuding-nuding ning kaya wong sing lagi pidhato, trus ukaraku”Mĕnapa wontĕn ingkang nglarang mĕnawi kula mĕdal saking klompoke panjĕnĕngan?”Kula mĕnika botĕn rĕmĕn dipunwastani wong sugih”(ngangge swara sing alus tĕnan)…

“Bu, mĕnawi paraga Ita dipunowahi kados mĕkatĕn, pamanggih kula Ita botĕn nĕsu, nanging namung caos pirsa kemawon!”Andi nyĕla.

Jare Ani,”Bu, wong nĕsu mĕnika botĕn sagĕd ngangge tata krama, to the point mawon masalahe!”

“Sarujukkkkk….ora ana wong nĕsu dikon nganggo tata krama!”Rozag mangsuli sĕro bangĕt saking lungguhan buri dhewe.

“Wis, sakniki sintĕn ingkang jumbuh karo pamanggih ibu, rikala manungsa nĕsu kudu nganggo tata krama? Pitakonku maneh marang murid-murid.

Ora ana sing ngacung tangane, lan ana sing mung geleng-geleng.

“Cah bagus lan cay ayu (aku sĕnĕng nyĕbut murid-muridku nganggo sĕbutan kuwi), sĕjatine wong urip pancen awrat mĕnawi nĕsu kĕdah ngangge tata krama, ning tata krama mĕnika ing budaya Jawa paring paugĕran supados manungsa tansah emut dening Sang Taya. Mĕnawi ing ati kabeh manungsa manunggal kaliyan Sang Taya, ibu pitados boten wontĕn manungsa ingkang meri, srik, ‘negative thinking’ antarane siji manungsa lan manungsa liyane. Manungsa kĕdah sagĕd nampi kahanan ingkang sampun ginaris saking Sang Khalik.

”Nyuwun pirsa, Bu!”pitakon muridku sisih kidul klas.

”Apa, Ton?” wangsulanku.

”Budaya Jawa mĕnika nglarang manungsa nĕsu, Bu?”pitakonan Tono.

”Ing budaya Jawa botĕn nglarang manungsa nĕsu, namung nggulawĕntah manungsa supados ’ngati-ati’.Karĕpe ’ngati-ati’ yaiku botĕn gampang kĕpancing nalika ngadhĕpi kahanan sing ruwĕt.Mĕnawi sampun klakon nĕsu,yo uwis ning sing prĕlu digatekake yaiku ing budaya Jawa manungsa tansah nyuwun ngapura kaliyan Sang Khalik lan pawongan ingkang dinĕsoni.”mangkono jlrentrehanku

”Bu, kĕpripun mĕnawi pawongan ingkang dipunsuwuni ’maaf’ taksih nggadhahi rasa kang boten sae marang awake dhewe sing klentu?”Rara takon

”Nah, kuwi manungsa kang duweni ati angel, ning ibu precaya nek manungsa kuwi duweni sipat kang wĕlas asih, sĕnajan angel ning mĕsthi sagĕd sae wusanane!” wangsulanku.

Padamu Negri kami berbakti, padamu negri kami berjanji.....(swara bel skolahan tandha wis wayahe bali)

”Cĕkap sĕmantĕn sinau bahasa Jawa babagan tata krama nalika pawongan nĕsu. Mugi-mugi pasinaonan ing dintĕn sakmĕnika sagĕd murakabi manungsa ing panggĕsangan. Wilujeng siyang, matur nuwun awit kawigatosanipun”. Ukara panutupku marang para siswa.

Yogyakarta, 26 Juli 2009

Ria Darsih

artikel

Kahanan utawa ’Ekasistensi’ Budaya Jawa ing Era Globalisasi

Budaya inggih punika ’budhi’ saha ’akal’ manungsa. Budaya sagěd dipunwastani pakulinan ingkang magěpokan kaliyan solah bawa masarakat. Budaya Jawa punika sagěd dipunwastani pranataning urip wong Jawa nuju kasampurnaning janma/ manungsa. Ing budaya Jawa sagěd dipunpirsani saking solah bawaning wong Jawa inggih punika unggah-ungguh utawa ’tata krama’

Unggah-ungguh utawa ‘tata krama’ kangge ngurmati priyayi sanes. Nanging ing wěkdal sapunika tata krama sampun dipuntilar. Awit kathah priyayi ingkang sampun karasuk budaya utawa adat sanes. Sajatosipun adat Jawi punika sampun sae sangět, nanging masarakat Jawa sampun kathah ingkan botěn purun nglěluri. Budaya unggah-ungguh punika warisan saking sěsěpuh ingkang sagěd ndadosakěn manungsa luhur budi saha pěnggalihipun. Ing budaya Jawa wontěn paribasan ’Ajining dhiri saka lathi’ ’Ajining awak saka tumindak’, saha ’Ajining raga saka busana’, ukara punika magěpokan kaliyan tatakrama ing wicara saha solah bawa manungsa. Nalika wicantěn kaliyan priyayi sěpuh kědah nggatosakěn unggah-ungguhipun. Babagan punika sampun sami botěn dados wigati dening nem-neman.

Ing era globalisasi budaya unggah-ungguh sampun kěsilep ing kěmajěngan jaman. Para kawula mudha sami botěn purun nguri-uri budaya Jawa, wontěn ingkang mastani měnawi budaya Jawa inggih punika budaya kolot, ’katrok’, jadul lsp. Wontěn ingkang ’luweh’ kaliyan budaya Jawa, wondene wonten nem-neman ingkang lingsem dening budaya Jawa.

Andharan wau punika botěn dadosakěn gumun jalaran budaya manca něgara sampun ngrasuk ing nem-neman. Ing kěmajěngan jaman punika kathah nem-neman ingkang bombong ing manah, rumangsanipun měnawi nggunakake budaya manca kaanggěp ’modhern’.

Kahanan budaya Jawa sajatosipun sagěd nyěngkuyung budaya manca. Babagan punika sagěd dipunpirsani saking solah bawaning manungsa ingkang taksih wonten ingkang ngugěmi babagan unggah-ungguh utawa tatakrama punika.

Budaya Jawa ing jaman modern punika utawa kondangipun ’era globalisasi’ kědahipun dipunsěngkuyung kaliyan masarakat umumipun , mliginipun nem-neman jalaran nem-neman ingkang dados ’penerus’ budaya Jawa amrih lěstantun kanthi nuwuhakěn raos trěsna tumraping budaya Jawa. Pramila kula panjěněngan tansah ngugěmi budaya Jawa sinambi nampi kěmajěngan jaman saha dadosakěn budaya Jawa dipunpundhi ing jaman era gobalisasi.

Ria Darsih, 3 Oktober 2009

Mengenai Saya

Foto saya
hidup penuh perjuangan

Pengikut